Tukang Kayu sing Ragu-ragu

Ana pemburu sing kasil manah menjangan ning alas, banjur menjangan
digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh
Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke
tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi. Ananging sakdurunge tombak
dioncalake, Gajahe tangi, marani Pemburu terus nggubet awake pemburu
nanggo tlalene.
Si Pemburu diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung
jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke
ning jantunge Gajah. Si Pemburu mati kejegur njurang, nanging Si Gajah
uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara
ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke
dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan
mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati.
Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah.
Nanging dheweke ora kuwat nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.
Saiki Prendis bingung arep milih sing endi. Sungu Menjangan apik banget
nek dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang nek di
dol ning kutho.
Prendis wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung
nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking
bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske.
Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake
Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis
wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal bali ning
ndesane. Dheweke ora sida nggawa Sungu Menjangan utawa gading Gajah
amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).
Tresna Kang Pinilih
Wiwit jam telu sore mau adik-adik sing isih padha sekolah ana SD lagi
padha sinau ngaji ana masjid ing desaku. Atiku seneng banget nyawang
bocah-bocah kang padha sregep anggone nyinau marang ngilmu agama. Aku
kang kajibah mulang bocah-bocah iki pancen wis caket banget mung kaya
dene mbakyu lan adhi. ” Dik, ngajine wektu iki semene dhisik ya, sesuk
sore di lanjutake maneh!, kandhaku marang bocah-bocah. ” Enggih mbak ”,
jawabe bocah-bocah nuli padha nglumpukake buku ngajine. Sabanjure lawang
serambi masjid nuli tak tutup ditutup supaya ora ana reget kang bisa
mlebu. ” Mbudhe kula pareng rumiyin ”, kandhaku marang budheku kang
daleme ing ngarep masjid iki. ” O, iya ndhuk, wis rampung ta ngajine,
ngati ati ya. ” Inggih budhe ”, jawabku tumuli mlaku metu saka plataran
masjid tumuju ndalan kang ing kono wis nunggu pit onthelku sing rada
tua. Lan nalika aku lagi arep nggenjot pitku, “Dhik Aisyah, piye apa
lali janjine wingi?” ana swara kang nyeluk jenengku. Mak dhek rasaning
atiku amarga aku wis apal marang swara iki. ” Mas Adi ta! kaget aku mas!
Mas Adi nyawang aku kanthi beda sajak ana kang diarep-arep kang wis
suwe dianti-anti. ” Wah piye ta dhik, apa lali karo janjimu wingi?” Tak
telpon sliramu ora ngangkat. ” Aduh nyuwun pangapunten mas, mbok menawi
wingi kula nembe mboten wonten.” Sejatine aku ya mung geguyon karo mas
gun, merga aku isin lan dheg dhegan jroning atiku nalika mas gun nyeluk
jenengku.
Ngene lho dhik, aku mau dolan neng omahmu, nanging sliramu ora ana
ndalem. Apa mas? mas Adi menyang ngomahku? trus ketemu karo ibu? Aku
kaget banget amarga ibu ngendika manawa suk malem minggu bakal ana tamu
saka ibu Lina kenalane ibuku. Ngendikane ibu Lina bakal nggawa foto
putrane sing bakal dikenalake karo aku. Wah, ibu mesthi bakal duka karo
aku amarga mas Adi nate dolan neng ngomah. ” Dhik, ana apa ta! kok
meneng wae ”. mas Adi takon maneh. ” Oh, ora kok mas! ora ana apa-apa ”.
” Emm mas, ibu wau ngendika napa? ” Aku takon karo mas Adi. ”Ora
ngendika apa-apa kok , mung ibu ngendika matur nuwun diparingi
oleh-oleh, terus…mas Adi mandheg anggone ngendika. ” Terus napa mas? ”
aku nyoba nggacar ngendikane mas Adi. ” Terus..anu dhik, jan-jane
sliramu kuwi duwe rasa seneng ora ta karo aku? ” Mas Adi terus ganti
takon marang aku. Aku bingung lan meneng wae. Jroning ati aku ngudarasa
apa ibu ora ngerti yen priya sing ana jroning atiku iku mas Adi.
Kamangka ibu wis kebacut manteb karo pilihane ibu yaiku mas Bagas lan
percaya yen priya sing bakal ditepungake marang aku sawijining priya
kang tanggung-jawab lan wis mapan.
Aku bingung ora wani nyawang mas Adi, atiku rasane ora karu-karuan,
rasane kaya kudu njerit nanging aku ora kuwawa ngomong apa-apa karo mas
Adi. Mung amplop siji sing isih ana njero tasku dadi seksi rasaning
atiku. ” Dhik! aku njaluk ngerti sing satemene, apa sing mbok kandhakake
bakal tak tampa ”. ” Aku bingung mas kudu piye ”. Aku nyoba nyauri
pitakonane mas Adi. ” Marga apa dhik? apa sliramu wis ora tresna maneh
karo aku? Mas Adi saya banter anggone takon. ” Yo wis, Aku bakal nampa
apa wae sing bakal mbok kandhakake. Aku mung bisa ndhingkluk, ora krasa
mripatku kembeng-kembeng ora suwe ana banyu kang tumetes neng pangkonku.
Aku nangis ana ngarepe Mas Adi. Aku ora ngira yen mas Adi bakal nagih
apa kang nate ditakokake marang aku jawaban telung wulan kepungkur. Yen
aku ngomong karo mas Adi, babakan pilihane ibu, banjur kepiye mas Adi,
mesthi bakal gawe gelo. Nanging yen ora takaturke, uga bakal ora prayoga
tembe mburine. Ibu wis bakal nepungake aku karo mas bagas.
Janjiku marang mas Adi telung sasi kepungkur, yen wis rampung
jejibahanku neng kantor aku bakal menehi jawaban karo masa Adi. Mas Adi
nate ngendika supaya aku gelem dadi sisihane. Nanging ibuku wis duwe
pilihan liya kang bakal ditepungake marang aku yaiku mas Bagas. Karo
ndredeg ora karu-karuan aku mulungake layang marang mas Adi. Mas Adi
gage mbukak amplop lan maca isine. Rasane kaya arep semaput mirsani mas
Adi pasuryane mbrabak lan gemeter kabeh tangane. Pancen aku ora gelem
duwe sesambungan karo priya nganti tekan titiwancine aku omah-omah.
Eling ngendikane ibu manawa sesambungan karo priya kang durung wancine
iku malah bakal gawe ruwet pikir lan durung mesti bakal langgeng
sesambungane. Sanajan sajatine aku uga seneng karo mas Adi priya sing
prigel, grapyak lan sregep sholat. Wanita kudu bisa njaga ajining diri,
ora gampang kagodha.
Lagi wae mas Adi rumangsa rada tenang, dumadakan adikku nyeluk saka
kadohan. ” Mbak, ditimbali ibu! ” celuke adiku rada banter. ” Iya dhik,”
aku nyauri kanti gemeter. Ibu mesthi bakal duka babagan mas Adi. Aku
mlayu rada kesusu karo dheg-dhegan ora genah. Nanging wis kadung
kebacut, aku kudu ngadhepi dukane ibu. Semono uga mas Adi nuli nututi
aku neng buriku. Aku banjur mlebu neng njero omah lan ibu wis lungguh
ana kursi karo nyekel amplop. ” Aisyah, coba mrene, ibu arep ngendika!
coba Adi celuken mlebu mrene. Gage aku metu lan nyeluk mas Adi. ” Mas,
ditimbali ibu! ”. Mas Adi mlebu sajak rada gugup, semono uga aku. ”
Wonten menapa bu?” aku takon maneh. Iki ana amplop sangka ibune Bagas
coba bukaken apa isine. Atiku saya ora karu-karuan nampa amplop kang
diasto ibu, tak bukak, lan isine ana foto, tambah kaget maneh barang aku
nyawang foto iku, jebul foto sing ana njero amplop iku ora liya fotone
mas Adi. Ana jenenge Adi bagaskoro, ora liya iku ya mas Adi ya mas
Bagas. Atiku kaya siniram banyu wayu sewindu bareng weruh isi amplop
iki. ” Mas Adi, mas Adi! ” aku mbengok tanpa kepikir, saking senengku.
Jebul priya pilihane ibu uga priya sing tak karepake lan tak tresnani.
Aku lan mas Bagas sungkem ana ngarsane ibu. Ibu ngestoni kowe kabeh
muga-muga bisa bebrayan kanthi ayem tentrem. Matur nuwun gusti saha ibu
saking sedaya kanugrahanipun.
Lumpur Porong, Kudu Dimangerteni Dhisik

Ora ana sing ngira, sumembure lumpur ing areal penambangan Banjar
Panji I duweke PT Lapindo Brantas ing Porong, Sidoarjo, bakal
kedawa-dawa kaya saiki. Lumpur kang maune –wiwit 28 Mei 2006– mung
ndledek cilik ing omahe salah siji pendhudhuk, saiki nyembur arupa
lumpur panas kanthi volume semburan 126.000 m3 sedina. Maneka cara wis
dicoba kanggo ngendheg sumembure lumpur iku. Ajaa kok kasil, kang tuwuh
malah panyana yen semburan iku ora mungkin bisa diendheg, kejaba yen wis
wayahe mandheg dhewe –miturut pangira-irane Badan Pengkajian dan
Penerapan Teknologi (BPPT) bisa uga 31 taun engkas.
Sawatara wektu kepungkur JB wawancara karo Ir. Eko Teguh Paripurno
MSc (ET), Kepala Pusat Studi Manajemen Bencana kang uga dhosen Teknik
Geologi lan Teknik Lingkungan UPN “Veteran” Jogjakarta ngenani kedadeyan
kasebut:
JB: Pak ET, sakjane apa kang nyebabake dumadine bencana semburan iku?
ET: Bencana (disaster) bisa kedadeyan yen faktor ancaman (hazard),
pemicu (trigger), kerentanan (vulnerability) muncul bareng, lan
masyarakat sarta sistem sosial ing kono ora bisa ngelola ancaman kasebut
kanthi becik. Kang perlu ditandhesake, kabeh bencana ora bisa
dipisahake karo faktor-faktor kasebut, ditambah faktor siji engkas yaiku
resiko (risk), kang mesthi muncul bareng nyebabake masalahe dadi
kompleks.
Jroning bencana Sidoarjo kuwi, proses pengeboran eksplorasi Banjar
Panji 1 mujudake pemicu orde kapisan sing nyebabake semburan saka bawah
tanah (underground blow-out). Cathetan-cathetan kronologi pengeboran
nuduhake wis tau ana kedadeyan kick, loss, well killing, tight-hole, lan
liya-liyane kang kurang sampurna anggone ngawekani.
Ora stabile tekanan bawah permukaan kasebut mujudake pemicu orde
kapindho kang nyebabake metune lumpur diapir saka kedalaman 6.000-9.000
kaki, liwat retakan-retakan ing zona patahan Porong kang ana ing
sakitere. Pemicu kang nyebabake sumembure lumpur iki sabanjure ngowahi
status gunung lumpur (mud volcano) ing kono, kang maune lagi arupa
ancaman, saiki maujud dadi bencana temenan.
JB: Kepriye struktur lapisan bumi ing kono?
ET: Ana kedalaman samono kuwi, padha karo dhaerah sakitere ing pesisir lor Jawa, strukture dumadi saka batu gamping lan lempung.
JB: Apa kandhutane lumpur kuwi? Apa padha karo lava gunung api kae?
ET: Aktivitas semburan kaya ing Sidoarjo kuwi dikenal minangka
aktivitas pembentukan gunung lumpur (mud volcano). Ning ora padha lo
karo proses pembentukan gunung api (volcano). Mud volcano ngetokake
lumpur menyang lumahing bumi, volcano ngetokake magma menyang permukaan.
Lumpur kasebut asale saka batuan sedimen, endapane pesisir lan danau
jaman purba kang kapendhem, sabanjure kasurung metu. Kandhutane,
material organik kang lembut kaya lempung lan kacampuran banyu. Beda
karo lava sing mujudake batuan beku saka endapane aktivitas gunungapi.
Dinuga, lumpur panas iki asale saka sistem patahan murni. Ning bisa
wae sistem patahan kasebut banjur nyambung menyang sistem gunungapi sing
cedhak. Kanggo ngawruhi lumpur panas iki ana hubungane karo sistem
gunung api apa ora, bisa diwawas saka panase, kandhutan minerale, lan
uga papane.
Panase lumpur Sidoarjo watara 60-800 C. Iki luwih panas dibandhing
sumber banyu panas ing Parangwedang, Yogyakarta sing udakara 30-400 C,
ning luwih adhem dibandhing sumber banyu panas sing pancen saka
aktivitas gunung api, yaiku ing Cisukarame, Gunung Halimun, Jawa Barat,
sing panase 900 C.
Kandhutan H2S jroning lumpur kasebut bisa asal saka aktivitas gunung
api/panas bumi, nanging bisa uga saka pemisahan karbonat. Mung yen
kandhutane dhuwur, pantes dinuga asal saka aktivitas gunung api.
Dene yen ndeleng lokasine, sumur Banjarpanji iki dununge 25 km saka
gunung Welirang. Ing papan-papan liya, umume sumber banyu panas dununge
15-20 km saka gunung api. 25 km kena diarani isih jroning “batas
toleransi”.
JB: Pak ET, apa kedadeyan mangkene iki sadurunge wis tau ana ing negarane dhewe?
ET: Ana! Bledhug Kuwu ing Purwodadi, Grobogan, kae iya mud volcano
aktif kaya ing Sidoarjo iki. Dene sing wis ora aktif maneh bisa kita
lacak tilase ing Sangiran, Tuban, Mojokerto, Bangkalan, lan Gununganyar,
Surabaya. Bisa katitik saka sumebare material lumpur, sing ora cocok
karo batuan/material liyane kang ana sakitere kono.
Proses semburan lumpur kuwi bakal terus dumadi nganti lumpure entek.
Bisa wae lumpur ing Sidoarjo iku mengkone dadi mud volcano aktif kaya
Bledhug Kuwu.
JB: Nuwun sewu Pak ET, apa sebabe semburan lumpur kuwi kok durung ana tandha-tandha arep mendha, malah sajak tansaya ndadra?
ET: Sadurunge ngendhaleni sawijining ancaman, luwih dhisik kudu
dimangerteni apa kang dadi ancaman satenane. Saya dimangerteni ancamane,
tindakan kang ditempuh saya mikolehi. Suwalike yen sumbere ancaman
kurang kinawruhan, tindakan kanggo ngawekani ancaman mau uga kurang
mikolehi.
Tindakan nutup sumur lan masang snubbing unit kang ora kasil nuduhake
yen kita durung bisa mahami sumber ancaman mau kanthi becik.
Ana sawetara bab kang durung dimangerteni saka semburan lumpur iki,
yaiku, pira volume maksimum lumpur kang bisa diwetokake. Volume maksimum
iki ana sesambungane karo gedhene “kantung lapisan geologi” sing
nyimpen lumpur kasebut, hubungane karo lapisan liya, sarta ana apa orane
ilen-ilen saka kantung-kantung liyane.
JB: Mengko gek bumi dhaerah Porong lan sakitere ambles?
ET: Jan-jane semburan lumpur iki mujudake proses pindhahe massa
lumpur saka jero menyang lumahing bumi merga kena tekanane massa batuan
sing ana dhuwure. Lha sepira jerone amblese mengko, gumantung marang
sepira kandele lapisan lempunge, sarta kepriye bentuke struktur patahan
ana kono.
Yen disajajarake karo sumur Porong 1 ing sisihe, amblese mengko
paling jero 200 meter. Dene kecepatane ambles gumantung marang sepira
gedhene blok massa batuan sing nindhihi mau, lan sepira gedhene
semburan. Saya gedhe blok sing nindhihi ateges saya kuwat tekanane, saya
gedhe semburane, lan saya cepet amblese. Ning sacara alamiah areal sing
ambles mau bakal diisi dening massa lumpur sing muncul saka jero bumi.
YEN
ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini
garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak
Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi
guru wae ora diundang tau Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu
Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga
ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi
lan Bu kasmi ngono wae.
Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku.
Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing
saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marnowis pensiun, Bu Warsini isih
tetep diundang Bu Guru.
Njur apa critane Bu Guru, ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora
duwe anak lanang. Nalika semana, anake lima wadon kabeh. Mangka jaman
saiki anak lima iku ya wis kepetung akeh. Mula Pak Marno tansah
ngandhani marang garwane iku, supaya melu ka-be. Yen manut istilahe Pak
Wisnu, ka-be iku yen dijawakake dadi keluwarga rinancang. Nanging Bu
Guru kipa-kipa ora gelem, amarga isih kepengin duwe anak lanang, Nganti
Pak Marno judheg.
“0, alah Bu, mbok wis trima. Wong anakmu ya wis lima ngono. Mengko
yen wis padha duwe jodho, kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung
anak mantu, rak ya padha wae ta; kuwi ya anakmu.”
“Ya beda Pak, anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe…”
“Bedane nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu
contone, anak mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang
wong tuwa! Coba kae, Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae, pendhak
sasi sowan nggawa gula teh; isih oleh-oleh bandeng, endhog; mangka
mengko yen mulih isih ninggali dhuwit. Balik anak-anake, endi sing
ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae sok-sok ora?!”
“Embuh gemati embuh ora, ngerti karo wong tuwa apa ora, nanging
rasane ora kaya yen duwe anak lanang dhewe, pak! Bisa dipamerke marang
liyan gilo iki anakku sing lanang sing nggantheng, ah pokoke aku isih
kepengin duwe anak lanang!”
“Ya uwis yen ora kena takkandhani. Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis leren ora nglairake…..”
Aja maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senajan Pak Ketua RT,
Pak Ketua RW, apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be.
Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu ka-be. Pak
Marno ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku. Sidane
bojone direpa-repa.
“Ya manuta pemerintah ta Bu, melua ka-be….”
“Wegah! Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok dikon ka-be; pokoke aku gemang!”
“Mengko dhisik ta, aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanarg, nanging aja mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi….”
“Lha trus piye, nek ora oleh mbangkang?”
“Dhaftarna ka-be nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbokpangan
pile ya kena, ora ya kena! Ning ketoke rak wis melu kabe, ngono lho
karepku!”
“Dadi saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?”
“Ha iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan.”
“Ya wis, nek ngono aku ngalah. Ning aku aja mbokpeksa melu ka-be tenan lho, Pak!”
“Ora-ora! Aku ora arep meksa. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan, aku malah seneng, ora arep meksa…:’
Bu Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku.Sidane Bu
Guru dhaftarake melu kabe temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben
sasi nyadhong jatah pil ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan
iku ora tau dipangan, nanging mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan
ngira Bu Guru iku wis melu kabe temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi
Bu Guru durung katon ngandheg maneh.
Nanging sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe
maneh. Malah wis telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula
Bu Bidan meneng-meneng mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno
iku ora njaluk jatah maneh. Mula nalika pertemuan PKK, bab iku
ditakokake marang Bu Guru.
“Bu Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?”
Karo klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Ngapunten Bu
Bidan, kula kebobolan malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha
kok ngandheg malih,….”
“Wooo…,ngaten ta?” Bu Bidan mlenggong semu maido.
“Kula rumiyin rak sampun matur, menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be, pendhak dintenipun dipundhobeli….”
“Wong kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok, Bu! Dospundi malih?!
Nanging Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine – priksa
karepmu, ora mriksakake ya sakkarepmu-, akibate mboktanggung dhewe.
Nyatane sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping
pindho. Mula ora mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora
saguh nangani. Sidane Bu Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung
dhokter sing keconggah nangani.
Diinfus nganti ngentekake pirangpirang botol, parandene bubar
nglairake meksa katon nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah
kober ora eling barang. Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh
wragad sing kudu diwetokake.
“Putra njenengan estri,” ngendikane dhokter ngandhani.
Sing dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen
anake iku bakal metu wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan,
ora ethokethokan kaya dhek emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut.
Sidane kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi
pasrah marang panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora
duwe anak lanang. Bu Guru wis bisa mupus.
Saiki pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe
putu lanang, amarga anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula
pepenginane iku dikandhakake marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD.
“Aku wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning mugamuga wae anakmu mbarep iki mbesuk metu lanang…”
“Ah, Ibuu….’ wong kula kepengine anak estri kok!”
“Sebabe?”
“Ha inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken…Yen anak lanang?”
“Nanging ora kaya nek anak wadon duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng
anakku nenem wis wadon kabeh, sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang;
ngono lho!”
“Ha-ha-haa, Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing nyuwun!”
“Witikna, anak nenem wadon kabeh;lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?”
“Nggih mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan, Bu!”
Ndari – bbarepe Bu Guru iku – ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepengin duwe anak wadon.
Temenan. Bareng jabang bayi lair, jebul metu wadon. Ndari rumangsa
lega dene anake mbarep metu wadon temenan. Kosok baline Bu Guru sing
mbrabak arep nangis. Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang
ora klakon, ngarep-arep putu lanang, jebul malah wadon maneh.
Putune Bu Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget
marang putune iku. Senajan wadon, rasane beda momong anak karo momong
putu. Seminggu wae ora weruh putune, mesthi wis mara niliki. Malah
nganti kepara nglalekake marang anak-anak liyane. Kala mangsane padha
diece dening anak-anake.
“Ibu ki jare ora seneng putu wadon, ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi niliki putune….” ature anake ragil.
“Hus, kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah kakung, rasakna!”
Yen wis ngrembug prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan
ngendi-endi. Pak Marno barang sok melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono
iku dadi kerep kedadeyan. Bu Guru dikroyok anak-anake lan bojone. Malah
Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda.
“Yen manut ramalanku, anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe nadhzar apa, Bune?” kandhane Pak Marno.
“Embuh Pak, ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben, lanang ya ben!”
wangsulane Bu Guru nyenthe-nyenthe, jalaran rumangsa dibebeda dening
bojone.
“Wong ditakoni apik-apik, kok wangsulane kaya ngono “
Sauntara iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor, sajake kongkonane Ndari anake wadon. Mlebu ngomah langsung kandha.
“Nyaosi priksa, Mbak Ndari babaran!”
“Hah, Ndari nglairake, lanang pa wadon?”
“Jaler!”
Krunqu anake Ndari lanang, sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki pepenginane duwe putu lanang kelakon.*